TUGAS BAHASA JAWA YANG DISURUH SAMA PAK MARNO=D BUAT CERITA BAHASA JAWA;P ASLI BIKINAN KAMI.__.
Sedaya sampun mangertosi bilih zebra cross punika dipun ginakaken para pejalan kaki kangge nyabrang margi. Sampun dados paugeran tumrap sedaya masyarakat ing saindenging nuswantara. Sumanten ugi wonten ing negari sanes peraturan punika tansah dipun jejegaken lan kedah dipun dadosaken paugeran utawi pandoming panggesangan.
Ing sawijining dinten kula sakkanca wangsul sesarengan nitih bis jogja-tempel. Bis ingkang kula tumpaki mandeg wonten ing sakprosekawanan margi. Kula mangertosi tiyang ingkang nyabrang mbonten wonten ing zebra cross. Menawi dipun sawang, nyabrang mboten wonten ing zebra cross sami mawon kados dene “Ula marani gebuk”. Amargi prastawa menika saget nemoni cilaka kagem piyambakipun lan tiyang sanes.
Kita kedah tansah ngatos-ngatos bilih inggih menika anggenipun nitih kendaraan wonten ing margi ageng. Amargi mboten namung kita ingkang ngginaaken margi. Ing saben dinten kita asring mireng gugon tuhon “udu dalane mbahmu”.
Kanthi prastawa menika kita kedah nggadahi raos tepo seliro tumrap tiyang sanes. Supados prastawi mboten kadadean ing sanes wekdal.
Weladalah, mboten dinyana-nyana prastawa ingkang kula sakkanca rembug, kadadean ing ngajeng bis ingkang kita tumpaki. Makjleeb raosipun ing manah kula. Mboten percoyo kadadean menika malah nyata entenipun.
Kula sakkanca enggal-enggal mandhap saking bis. Niatipun badhe nulungi tiyang ingkang terak ing bebaya menika. Ananging, mboten wonten satunggaling saking kita sakrombongan kagungan nyali kagem nyawang getih ingkang sampun kamancur saking talingan tiyang ingkang sampun sekarat ing margi. Naaudzubillahimindzalik.
Sampun sautawis dangu para warga ingkang nyekseni kadadean punika sami prihatos ugi mbantu sak sagetipun jiwa raga. Polisi ndlidir rawuh wonten ing TKP ( Tempat Kejadian Perkara). Mboten dangu ambulan ugi Rumah Sakit JIH (Jogja International Hospital).
Ngawekani kemacetan lalu lintas ing margi, polisi nindakaaken tugasipun inggih menika ngatur kendaraaan ingkang sami ningali lan langkung wonten ing TKP menika. Para petugas rumah sakit ingkang nderek rombongan ambulan punika lajeng mendet tandhu kagem nggotong tiyang ingkang dados korban kecelakaan wau ingkang keadaane sampun memprihatos aken titih getih.
Kula sakkanca lajeng mlampah nilarakn kecilakan ingkang nggegirisi. Dumakan pundak kula dipunjawil dening tiyang. Degdegserr kaget setengah urip, wonten ing penggalih kula ingkang njawil kula menika inggih tiyang ingkang dados korban kecilakan wau.
Mboten sadar riwe kula sampun temetes nelesi seragam pethak-biru osis ingkasng dados ciri khas bocah SMP. Kula nglinguk wingking saking arahipun ingkang njawil pundak kula wae.
Mboten dinyana-nyana ingkang njawil kula inggih menika Pak Polisi kang kagungan dedeg priadeg gagah prakoso, brengose nguler keket, lengene nggendewa pinenthang ngastha gaman inggih menika pistol.
Kula merinding kepati-pati.Kula kinten Pak Polisi punika badhe me”razia” bocah-bocah sekolah. Nanging ingkang kula penggalih punika mboten leres. Pak Polisi namung mundhut priksa babagan kacilakan wau
“ Dek, wau niku sampeyan ngertos mboten prastawa kacilakan punika kadadeyan?”
“ Ng.. nga .. nganu pak wau kula nganuu eh, lak nganu to pak wau niku. Nganu .. kula sakkanca sek guneman kalih kanca ing bis. Lha teng ngajengipun bis ingkang kula tumpaki menika wonten tiyang nyebrang mboten wonten ing zebra cross.Terus onten pit montor banter badhe nyalip bis ingkang kula tumpaki. Lha yake mawon pengendara pit montor wau mboten ngertos yen wonten tiyang ingkang nyebrang sakngajengipun bis”
“ Owalaah, ngonoo. Nggih nggih .. turnuwon nggih dek, niki enten rejeki sekedhik nggo. Ngge tambah-tambah sangu. Mumpung imlekan to niki”
“ Oo nggih pak. Matur nuwun sanget. Gong Xi Fat Chai nggih pak”
(Pak Polisi mesem)
“ Mulakno nduk, saka kadeyan mau koe kudu ngati-ati. Nek ning dalam ora gojekan. Nyabrang ning zebra cross ngingetke kiwa-tengen. Turno nek numpak pit montor ora banter-banter. Nganggo helm. Dalane ki sek nganggo wong okeh. Keslametan iku larang regane nduk.”
“ Nggih pak matur nuwun nggih pak.”
“ Yaa, kana lek do bali ndak digoleki wongtuamu.”
“ Pareng pak, monggo nderekke”
“ Ya”
Nah, kadadosan wau saget maringi piwulang kagem kita sedaya supados ngatos-ngatos ing margi. Lan kedah tansah ndedongo tumrap Kang Kuasa supados sampun ngantos katerak ing bebaya.

0 komentar:
Posting Komentar